Assalamualaikum
Salam sejahtera kagem kita sedaya
Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan saha Bapak/Ibu
Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Ingkang kaping sepisan, sumangga kita sami-sami ngaturaken
puja lan puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun
angluberaken rahmat sarta hidayah dumateng kita sedaya dene kula lan
panjenengan sami saged makempal wonten ing wisma Barokah menika. Saderengipun,
kula atas nami ketua panyelenggara ngaturaken agenging panuwun dhumateng para
rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi undangan ingkang
sampun lumantar dhumateng panjenengan. Saged ngrawuhi pawiwahan pengetan dinten
Kartini menika.
Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan saha Bapak/Ibu
Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani, Raden
Ajeng Kartini miyos ing tanggal 21 April 1879. Pramila, ing tanggal 21 April
punika kita pengeti minangka dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini lan kangge
mengeti perjuanganipun R.A. Kartini ingkang sampun ngangkat drajading wanita
sami kaliyan drajading priya. Rikala gesangipun R.A. Kartini para wanita tansah
wonten pingitan, mboten dipun parengaken sekolah, mboten dipun parengaken
gadhah pedamelan ingkang sami kaliyan pedamelanipun priya. Ananging sapunika
para wanita sampun sami drajadipun kaliyan para priya. Katingal saking Jabatan
Menteri ing Menteri Indonesia Bersatu Jilid 2 sapunika kathah menteri dipun
lenggahi dening para wanita, kathah dokter-dokter wanita, kathah kalenggahan ing
peprentahan ingkang samurwat kaliyan kalenggahan para priya ingkang dipun
pimpin para wanita, lan sak piturutipun.
Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat
kinurmatan saha Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang
ingkang kula tresnani. Ing salebetipun mengeti dinten miyosipun R.A. Kartini,
ingkang kedah kita pengeti inggih punika semangatipun ing babagan emansipasi
wanita. Mboten naming mengeti anggenipun R.A. Kartini ngagem nyamping,
anggenipun R.A. Kartini mawi sanggul ageng. Nanging kados pundi R.A. Kartini
majengaken para wanita.
Saumpami R.A. Kartini taksih gesang
badhe suwun ningali kawontenan kaum wanita ing nagarinipun. Ing sawaunipun
supados setarap kaliyan priya ngenani hak-hak ipun, malah kathah ingkang dipun
ginakaken tumuju dhumateng kawontenan ingkang mboten ngremenaken inggih kados
menika, sapunika para wanita kathah ingkang sami ses rokok, sapunika para
wanita kathah ingkang mawi celana. Menika mboten ateges emansipasi lan R.A.
Kartini mboten nggadhahi emansipasi ingkang kados mekaten.
Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat
kinurmatan saha Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang
ingkang kula tresnani. Emansipasi ingkang dipun perjuangaken dening R.A.
Kartini inggih punika ngengini hak ingkang sami antawasipun priya kaliyan
wanita. Inggih menika menawi priya dipun parengaken sekolah wonten pawiyatan
luhur, para wanita inggih dipun parengaken ngudi ilmu wonten ing pawiyatan
luhur. Mboten namung wanita dipun parengaken wonten ing wingking supados masak
kemawon.
Saderengipun wonten emansipasi saking
R.A. Kartini, wanita nyambut damelipun namung wonten pawon, mboten wonten kaum
wanita ingkang nyambut damel wonten ing kantor kados sapunika. Awit sampun
wonten paribasan manawi kados pundi inggiling sekolah, wanita ing tembenipun
bakal nyambut damel ing pawon ugi.
Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat
kinurmatan saha Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang
ingkang kula tresnani. Menawi sapunika para wanita sampun sami nyambut damel
kangge majengaken bangsa lan negari ugi agami, hananging mboten kentun wanita
tansah dados kaum wanita sami nggula wenthah amrih raharjaning keluarga ugi
tumut majengaken generasi muda supados mbina rumah tangganipun.
Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat
kinurmatan saha Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati tuwin rencang-rencang
ingkang kula tresnani. Kula kinten kirang wicaksana manawi atur wacana punika
kula panjang lebaraken. Pramila kula cekapi semanten kemawon, lan mboten kentun
kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Ibu Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru
sarta rencang-rencang sedaya ingkang sampun sami anyengkuyung wontenipun
pengetan punika kanthi bantuan ingkang arupi punapa kemawon, mugi angsala
piwales ingkang samurwat saking ngarsanipun Gusti Allah. Ing wasana menawi
wonten kiranging atur lan subasita kula, mugi kersaha anglunturaken gunging
samodra pangaksama.
Matur nuwun.
wassalamualaikum
No comments:
Post a Comment