السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته اَلْحَمْدُ ِللهِ رَ
بِّ الْعَالَمِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَ فِ الْمُرْ سَلِينَ
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ
Sa’sampunipun Muji Syukur dateng Allah SWT, soho
nyuwunaken tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh SAW, perlu dipun
mengertosi bilih buku alit puniko mengku datang pinten pinten contoh pidato
engkang kulo susun mawi Basa Jawi supados gampilaken dateng sederek-sederek
engkang kerso maos. Soho konco konco engkang
sami nyuwun dipun susunaken Buku Puniko, khususipun konco konco ingkang manggen
wonten Tanah Jawi. Sesuai kalian pengetahuan kulo engkang taksih terbatas.
Pramilo tumerap sederek sederek engkang kerso maos Buku puniko terutami poro
Alim Ulama’ menawi memanggihi kesalahan soho kekirangan wonten Buku puniko,
kulo suwun supados kerso paring nasehati utawi saran saran dateng penyusun
kangge kesempurnaan susunan selajengipun lan sa’derengipun ngaturaken
maturnuwun. Engkang terakhir, mugi-mugi buku alit puniko saget mbarokahi lan
manfaati kangge penyusun soho sederek engkang kerso mahos
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
No comments:
Post a Comment